Jumat, 22 Mei 2009

Banjaran Gathutkaca


Raden Gathutkaca nedya nrenggalani kridhaning Prabu Basukarna ing sak madyaning prang Bharatayudha

Sabtu, 07 Februari 2009

Greneng-greneng


Ing Padhepokane Ki Hantogo kang mapan ana pradesan sapojok’ing Negara Alengka, Ki Hantogo lagi thenguk-thenguk, sajak wis kesel manthuk-manthuk, katitik saka guwayane kang sajak suntrut kepara rada merengut, Mbilung si bocah bingung isih kaya padatan mung kluyang-kluyung sedela-sedela ngukuri irung.
Sak surute Prabu Dasamuka, Negara Alengka kaasta dening Prabu Gunawan Wibisana, ing bebrayan kawula Alengka kedadean owah-owahan gedhen ing babagan pakartine para kawula Alengka, sing sakawit para kawula mung tansah matur “Nggih sendika dhawuh” ing jaman iki malik grembyang dadi kawula kang sarwa sulaya, becik wae diwada apa-maneh ala, genah dikuya-kuya, lan maneh kawula Negara Alengka iku mayoritas para buta lan raseksa kang suarane sora, jangkahe amba lan celathune padha ngayawara. Yen Nalika jaman Prabu Dasamuka, ana kawula siji wae kang pepe ana sak tengahing alun-alun, mesthi enggal-enggal kasaruwe dening ingkang kawogan, banjur tinanganan lan tinanggapan kanthi sak mesthine miturut garis kawicaksanan kang ginarisake dening sang Prabu Dasamuka, Lha saiki kok malah dadi kaya mengkene aja maneh kawula siji, kawula saiki yen pepe nganti sakbregada gembrudug bengak-bengok ngumbar suwara nanging kang kawogan kok sajak glopa-glape anggone ananggapi….,. Nanging aku wis tanggap kok, Lung ! “Tanggap bagaimana kang.?” Lire mengkene, sajake bendaramu Tumenggung Cakil ora kober ngajari buta-buta kuwi unggah-ungguh lan tata-cara kepriye carane sesambungan atur karo satriya, apamaneh satriya iku wektu iki nembe ngasta panguwasa “Lha bagaimana sempat,? Wong setelah kakang ajarin berkomunikasi dengan ksatriya, Mr. Cakil-nya tewas ditangan ksatriya. (Dulu itu lho kang, saat Mr. Cakil menghadang Raden Laksmana ditengah hutan, masih ingat kan.?) Makanya kang, kalau ngajarin etika sama buta itu ya jangan cuma kalau mau maju berlaga. Adakan seminar atau apapun namanya tentang tata-cara berkomunikasi dengan ksatriya, Rajanya saja berjiwa ksatriya rakyatnya berjiwa buto bagaimana mau nyambung kalau gak ada pakar yang ngajarin pola komunikasi semacam itu, bwat ngindarin miskomunikasi, ini bukan cuma masalah komunikasi verbal lho kang, ini komunikasi jiwa dan rasa lho, he…he…he,.!” Lambemu, Lung yen gelem nggambleh nganti ngoweh.!
Prabu Gunawan Wibisana pancen Nata Agung binathara kang ambeg paramartha, sajake rumesep banget anggone ngangsu kawruh nyinau Kitab Hasta Brata anggitane Sang Prabu Rama Wijaya. Polahe para kawula yaksa, denawa lan para buta kang kaya mengkono mau kaanggep sawijining bab kang lumrah mungguh ing tatanan anyar kang lumaku ing jaman iki. Yen dek jaman Prabu Dasamuka, ana kawula kang makarti kaya mengkono mau, woo….o, aja takon dosa, kelakon mulih tanpa jeneng.
Ngrasakne irunge wis rada perih amarga kekerepen dikukur, si Mbilung celathu “Lha kita ini kan cuma rakyat kecil, kang. Kita mesti berbuat apa,? Kita tidak termasuk ras buta seperti mereka, budaya keluarga kita tidak sepeti mereka, aku nggak bisa berjoget jingkrak-jingkrak kayak mereka, apalagi tereak-tereak, tahunya kita ini ya kerja, kerja dan kerja. Ya sudahlah kang, kita ini menyesuaikan diri saja lah kang.!” Ya yen perkara kuwi aku wis ngerti lan maklum Lung, Sing tak gagas kuwi dudu Pranatane utawa Nalendrane, nanging pakartine buta-buta kuwi lho,! sing saiki wis padha bali dadi buta alasan sing mbiyen demen ngosak-asik alas nalika isih urip neng tengah alas saiki bareng dadi buta praja malah ngobrak-abrik budayane dhewe. Buta-buta Alengka kang sekawit nduweni rasa tiji-tibeh saiki malah padha cengkah sak karepe dhewe, golek warege dhewe, mburu butuhe dhewe-dhewe, lali marang rasa kamanunggalaning bangsa, ora gelem nggagas rasa kabangsane, apa-maneh nggatekne reribet-reribet kang bisa ngancam kalestaren bangsane saksurute Raden Kumbakarna, sajake buta-buta kuwi luwih seneng unjuk rasa, nanging yen kelakuane kaya mengkono iku miturut aku wis dudu unjuk rasa maneh iku “unjuk murka” utawa “unjuk nepsu” kamangka sing jenenge “rasa” iku ora amung rasa nepsu ana rasa rasa liyane kang luwih pantes kaunjuk’ake umpamane rasa isin, rasa prihatin lan liya-liyane jaman saiki iki sing penting ora mung unjuk rasa nanging unjuk karsa ndandani praja lan bangsa, unjuk karya mitulungi lan nylametake kawula cilik saka papa-cintraka, lha yen mengkono bangsa buta Alengka rak bisa katon kuncara, ora kaya saiki iki buta bisa tegel nggaglag rowange dhewe, malah wis kedadeyan lho Lung, ana punggawa buta kang kolu mbrakoti kantore dhewe,! Lha kahanan kang kaya mengkene iki apa dadi pratandha bakal kasengka’ake kiamate bangsa buta Alengka saksurute Prabu Dasamuka?.
Mbilung unjal ambegan karo nyeceg rokok’e “Ya semoga saja Prabu Gunawan Wibisana dengan caranya sendiri dapat membangun kembali puing-puing budaya kemasyarakatan di Alengkapura” Tak amin-i dongamu Lung, waton KKN disingkirake dhisik saka kamus budaya bebrayanan ing Alengkapura. “Mana saya mampu, kan saya cuma Mbilung” Cangkemmu Lung…!
“Eh Kang Togog !, boleh gak Mbilung Tanya ?”
“Takon-o, ora apa-apa, ojo maneh takon, kowe ngidoni aku wae aku ora nesu kok Lung.!”
“Ya gak gitu kang, aku tau kakang ini mahluk Tuhan yang paling baik bagi Mbilung,”
“Lha kowe ya nggemeske kok Lung, arep takon wae kok ndadak nganggo takon, apa kowe arep takon perkara pitakonan ? (Lha rak malah aku ketularan gemblungmu to.)”
“Begini kang, kenapa kita kok nggambleh disini, ini kan bukan tempat kita,!”
Ki Hantogo unjal ambegan…”Hmmm, kepepet kok Lung,!”
“Kepepet bagaimana, Kang?”
“Ana ing alam padhalangan awake dhewe ora duwe waktu lan papan kang cukup mirunggan kanggo greneng-greneng kaya Semar sak anake kang duwe wektu lan papan kang mirunggan kanggo geguyonan lan jejogedan jenenge “Goro-goro” Limbuk karo Cangik uga duwe, jenenge “Limbukan” (Nganti Semar lan Limbuk dadi luwih kondang kaloka tinimbang awake dhewe, sajak-e awake dewe iki punakawan kang ora mbejaji dumeh ngawula marang para buta bekasakan) Neng kana awake dhewe ora duwe apa-apa? aku ora meri Lung, wong jagading padhalangan kebak pranatan kang gumathok kang aku dhewe ora mangerteni, nanging minangka oknum saka alam padhalangan mligine jagad pewayangan, aku tetep berusaha dadi Togog sing sak mesthine lan semono uga kowe Lung, sanadyan ana ing kene, kowe ya aja banjur kebablasen,! eling Lung iki ana papaning liyan. kang awake dhewe uga ora ngerti iki ana ngendi,? kok ona kelir kang jembar banget, sorote padhang sanadyan tanpa balincong?”
Mbilung ngguyu kekel karo ngeplak’i bathuk’e dhewe : “Kang, kita ini sedang greneng-greneng di alam maya utawa Internet, diperhatikan oleh orang-orang yang kebetulan nyasar ketempat ini tapi orangnya gak kelihatan.”
“Dubilah selikur dina…! Dadi awake dhewe iki greneng-greneng ana ing alam,…..apa mau Lung,? …..Kernet?”.
“Bukan kernet kang, I n t e r n e t, !!”
“ O, Internet, to ! (aku kelingan kernet truck jenenge Mbilung, ning dudu kowe)
“Emang gue pikirin..?!”
“Eh…, Lung kowe mau crita yen ana priyayi kang mirsani, nanging ora katon, apa priyayi mau bangsane jin utawa sing wis dadi arwah gentayangan to, Lung?”
“Ya enggak laah,…! Masa’ la iya dong,! Mereka memperhatikan kita dari alam nyata, bukan itu saja mereka bisa berinteraksi dengan kita disini dan tampil seperti kita disini saat ini.”
“Wahh blaiik tenan iki Lung, lha yen nganti ana priyayi saka alam padhalangan pirsa awake dhewe greneng-greneng ana kene, bisa kewirangan, awake dhewe ‘ki”
“Ya gak tau lah, kang ! aku cuma setia nemenin kakang seperti ikrar kita”
“Ya wis Lung, yen pancen kaya mengkono, iki aku Ki Hantogo matur dumateng para-para ingkang kersa nyimak greneng-greneng kula puniki, Mbok bilih anggen kawula greneng-greneng punika woten bab-bab ingkang kirang utawi sanget mboten mranani penggalih, kawula namung saged matur, Nyuwun sagunging samudra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Surakarta, 07 Februari 2009

Jumat, 06 Februari 2009

KAWRUH SAK MRICA


Minangka mahluk ingkang pinaringan akal-budi, manungsa iku saktemene sawijining subyek budaya, ingkang mengku werdi, manungsa bisa dadi tuk sumbering kabudayan waton manungsa mau kersa makarti kanthi manunggalake cipta, rasa, karsa lan karyane
Budaya iku angen-angen kang ambabar kaendahan, ingkang bisa mawujud –ing antarane-budaya seni, yaiku angen-angene para seniman kang ambabar karya seni kanthi kaendahane sowang-sowang. Ing kene kita kudu bisa mapanake lan milahake antarane pakarti lan budaya, miturut kodrate, sadengah mahluk kang urip ing alam gumelar iki sayektine bisa makarti kanthi pakarti kang kepriye wae, bisa becik utawa ala, bisa asipat luhur utawa asor, bisa kasurung dening krenteging naluri lan bisa uga dening keplasing pikir saka alaming pangangen-angen. Lan budaya iku bisa kalebu perangane pakarti, sanadyan mengkono ora sadengah pakarti bisa kasebut budaya, ya mung pakarti kang asipat endah lan luhur kang pantes sinebut budaya. Ki Bodronoyo banget mrihatinake marang kanyatan kaprah ing jaman iki ana tetembungan “budaya korupsi”, “kekerasan dan kejahatan sudah menjadi budaya” lan sapinunggalane, korupsi lan kekerasan apadene kejahatan iku saktemene pakarti nalisir kang asipat asor lan mitunani pehak liya lan bebrayan agung mula kudu disingkirake saka sesebutan budaya. Budaya iku endah; Kaendahan iku mupangati lan Kang mupangati iku sayekti kudu kaleluri nganti puputing akhir jaman.
Ki Bodronoyo ora anti marang sawijining budaya tinamtu saka bangsa apa wae, wiwit jaman kuna nganti jaman modern iki, kanthi alelandhesan waton endah lan mupangati. Sanadyan Ki Bodronoyo uga pracoyo yen kaendahan iku asipat relative ingkang mengku werdi gumantung saka ngendi anggone pada sami hamirsani miturut jaman kelakone lan bab mupangat iku sanadyan angel kasebut absolute nanging sak ora-orane bisa kaukur saka sepira jembare bebrayan kang amupangatake, sansoyo jembar bebrayan kang ngrasakake mupangate sansoyo kasebut luhur mutu budayane lan kosok balene, sansoyo ciyut bebrayan kang ngrasakake mupangate sensoyo suda mutu budayane nganti datan pantes maneh kasebut budaya yaiku nalika mupangat ilang dadi mitunani marang pehak liya sumrambah marang bebrayan Ingkang kawastanan pakarti nalisir.
Ing wasono, Ki Bodronoyo amung bisa matur, Ayo kita padha mulat sariro minongko bangsa kang winarisan budaya adiluhung saka para leluhur, kersaa padha tansah angleluri, amemetri, lan makarti miturut tuntunaning budaya kita ingkang sawetara iki sajake wis rada kasingkur lan kageser dening ombaking globalisasi.

Selasa, 03 Februari 2009

Waton Nggambleh


Yo, Cangkeme Togog kuwi sing waton nggambleh
Dumeh dadi bature ...buta .. akeh
Yen nggambleh nganti ngoweh
Amit-amit jabang cindhil, dasar Togog si mahluk aneh

Yo, telak-e Togog kuwi sing kecengkal cagak
Bendarane diladeni ngunjuk oplosan arak karo tuwak
Pamrihe ben bisa gembujeng lakak-lakak
Ngerti-ngerti si Togog tambah anak

Togog, wong tuwa kang banget melas ati
Kober-kobere ngomong demokrasi
Kamongko uripe pinayungan ing system demo…eh butakrasi ding..!
Nggaweyo lakon butakrasi wae Gog, !
Mengko tendermu rak mbanyu mili.

Yen uripe ora pinayungan ing butakrasi
Mahluk aneh iki mesti wis dadi wong lali.
Opo-tumon, pangandikane bendarane kok diarani waton njeplak
Sajake si Togog iki ora nate sekolah Taman Kanak-kanak

Ning sanadyan kaya mengkono
Ojo dadi atimu yo Gog, !
Yen aku rakenal watakmu lair-bathin
Sengara cangkemku bisa njeplak kaya mengkene

Yen saumpama ora ana Togog, mbok menawa wae
Negara buta iki wis diuntal dening dewa ngglathak
Sing doyan lan kuwasa nggaglag gunung tanpa bisa amuntahake

Sik ya Gog, aku dienteni kakus…!

Sabtu, 24 Januari 2009

Nuwun Sewu

Ki Hantogo meniko pamonging para yakso utawi buta saking tanah sabrang utawi mancanagari, minangka pamonging para yakso pancen mbetahaken kesabaran lan toleransi ingkang langkung mirunggan. Awit tingkah-lakunipun para yakso menika pancen kados ingkang sampun kaandaraken dening Ki Hantogo piyambak, Wonten ing jagad pawayangan sampun kasebataken bilih Ki Hantogo meniko sayektosipun inggih dewa kanthi awewisik Bathara Hantogo sami kaliyan Ki Bodronoyo ingkang awewisik Bathara Ismoyo ingkang ugi tasih kaprenah sadherek kembaripun Bathara Manikmoyo utawi Bathara Guru. Dewa tetiga menika putranipun Sang Hyang Wenang, Nalika Sang Hyang Wenang Nitahaken Kahyangan Jonggringsaloko, Bathara Ismoyo dan Bathara Hantogo sami-sami ngersakaken dados panguwaos tunggal ing kahyangan ngantos nuwuhaken pradondi ing antawis kekalihipun sami-sami mboten wonten ingkang purun ngawon, pungkasanipun kalampahan perang tanding ngaden kasekten. Kekalihipun sami mupakat nindakaken patembaya, sinten ingkang saged ndahar gunung lan saged amuntahaken malih inggih menika ingkang kaakeni minangka panguwaos tunggal kahyangan. Kacarita Bathara Hantogo lan Bathara Ismoyo ingkang nembe kadereng nepsunipun nindakaken kados-dene ingkang kamupakati, Sekawit kekalihipun sami sami saged ndahar gunung ngantos telas tanpa sesa nanging ing salajengipun inggih namung Bathara Hantogo ingkang saged amuntahaken gunung saking padharanipun, kedadosan ingkang kados mekaten menika anjalari ewahing wujud kekalih dewa menika ingkang sakawit wujudipun bagus merak-ati dados wewujudan kados ingkang kaweca ing gambar Ki Bodronoyo lan Ki Hantogo menika, Dene dampar panguwaos tunggal ing kahyangan dening Sang Hyang Wenang kaparingaken dumateng Bathara Manikmoyo ingkang awit mulanipun sampun ngrumaosi kekiranganipun ing babagan kasekten katandhing kekalih sedherek kembaripun nanging tasih asli wujudipun kadidene nalika tinitahaken dening Sang Hyang Wenang. Bathara Ismoyo lan Bathara Hantogo lajeng mandhap ing Arcapada nindakaken darmaning agesang minangka pamong kanthi ambeto Visi lan Misi nipun sowang-sowang tanpa kedah dados panguwaos nanging namung minongko punakawan -inggih menika abdi ingkang ugi minangka penasehat bendaranipun- ing jagad kang sesabrangan menawi bendaranipun Ki Ismoyo menika para satriya utama, bendaranipun Ki Hantogo meniko para yakso lan ugi para satriya candhala. Sanadyan kekalihipun jumeneng ing jagad ingkang sesabrangan ananging kekalihipun sami-sami amundhi sabdo tunggal anenggih HAMEMAYU HAYUNING BAWANA