Sabtu, 24 Januari 2009

Nuwun Sewu

Ki Hantogo meniko pamonging para yakso utawi buta saking tanah sabrang utawi mancanagari, minangka pamonging para yakso pancen mbetahaken kesabaran lan toleransi ingkang langkung mirunggan. Awit tingkah-lakunipun para yakso menika pancen kados ingkang sampun kaandaraken dening Ki Hantogo piyambak, Wonten ing jagad pawayangan sampun kasebataken bilih Ki Hantogo meniko sayektosipun inggih dewa kanthi awewisik Bathara Hantogo sami kaliyan Ki Bodronoyo ingkang awewisik Bathara Ismoyo ingkang ugi tasih kaprenah sadherek kembaripun Bathara Manikmoyo utawi Bathara Guru. Dewa tetiga menika putranipun Sang Hyang Wenang, Nalika Sang Hyang Wenang Nitahaken Kahyangan Jonggringsaloko, Bathara Ismoyo dan Bathara Hantogo sami-sami ngersakaken dados panguwaos tunggal ing kahyangan ngantos nuwuhaken pradondi ing antawis kekalihipun sami-sami mboten wonten ingkang purun ngawon, pungkasanipun kalampahan perang tanding ngaden kasekten. Kekalihipun sami mupakat nindakaken patembaya, sinten ingkang saged ndahar gunung lan saged amuntahaken malih inggih menika ingkang kaakeni minangka panguwaos tunggal kahyangan. Kacarita Bathara Hantogo lan Bathara Ismoyo ingkang nembe kadereng nepsunipun nindakaken kados-dene ingkang kamupakati, Sekawit kekalihipun sami sami saged ndahar gunung ngantos telas tanpa sesa nanging ing salajengipun inggih namung Bathara Hantogo ingkang saged amuntahaken gunung saking padharanipun, kedadosan ingkang kados mekaten menika anjalari ewahing wujud kekalih dewa menika ingkang sakawit wujudipun bagus merak-ati dados wewujudan kados ingkang kaweca ing gambar Ki Bodronoyo lan Ki Hantogo menika, Dene dampar panguwaos tunggal ing kahyangan dening Sang Hyang Wenang kaparingaken dumateng Bathara Manikmoyo ingkang awit mulanipun sampun ngrumaosi kekiranganipun ing babagan kasekten katandhing kekalih sedherek kembaripun nanging tasih asli wujudipun kadidene nalika tinitahaken dening Sang Hyang Wenang. Bathara Ismoyo lan Bathara Hantogo lajeng mandhap ing Arcapada nindakaken darmaning agesang minangka pamong kanthi ambeto Visi lan Misi nipun sowang-sowang tanpa kedah dados panguwaos nanging namung minongko punakawan -inggih menika abdi ingkang ugi minangka penasehat bendaranipun- ing jagad kang sesabrangan menawi bendaranipun Ki Ismoyo menika para satriya utama, bendaranipun Ki Hantogo meniko para yakso lan ugi para satriya candhala. Sanadyan kekalihipun jumeneng ing jagad ingkang sesabrangan ananging kekalihipun sami-sami amundhi sabdo tunggal anenggih HAMEMAYU HAYUNING BAWANA

Kamis, 15 Januari 2009

Greneng-greneng


Ono ing sak jeroning alam demokratis kaya kang kalampahan ing wektu iku, babagan pamedaring panguneg-uneg ingkang awujud panemu bisa katindakake kanthi mirunggan tanpa ono angger-angger kang amatesi kepara malah kajamin dening Angger-angger kang asipat dasar. Bab ingkang kaya mengkono mau pancen bisa andadekake berkah ingkang gedhe tumrap bebrayan agung nanging yen nganti kelangan kawaspadan ing babagan kamanunggalaning bangsa, bisa-bisa malah nuwuhake dredah, awit sadhengah prakara iku tuwuhe ya mung saka panemu. Ki, Hantogo wis daweg kepara wareg anggone momong para bendarane yaiku para buta-buta sak jagad wiwit ingkang agelar Ditya Kala Prabu nganti buta-buta breduwak kang banget keranjingan marang kebebasaning diri pribadi kang seneng njoged ajingkrak-jingkrak, gumuyu lakak-lakak, omong (nuwun sewu) waton njeplak lan kaugung dening gustine kanthi ilining tuwak. Mula sanadyan nganti kaya mengkene wewujudane, Ki Hantogo datan kendat anggone mituturi para bendarane yaiku para buta-buta supaya ndandani pratingkahe kang pating jalemprah kaya mengkono iku murih dadi bangsa buta kang mbudaya yaiku bangsa buta kang bisa mbabarake kaendahan kang migunani tumrap urip bebrayan agung sak jembaring jaman kang sarwa tinarbuka ing jagad iki.


Selasa, 13 Januari 2009

Nuwun Sewu

Ingkang kaweca ing kaca blogs "panji budaya" meniko (kejawi referensi-referensi ingkang minangka dasar panulisan) sayektosipun dereng saget kawestanan wulangan utawi andaran ingkang asipat ilmiyah, dados sanget dereng pantes minangka panutan , nanging namung arupi pangudarasa saking salebeting manahipun tiyang alit ingkang kebak ing kekirangan lan nalar ingkang pas-pasan nanging anggadhahi cekap kawigatosan ing babagan budaya. Punapa malih, nalika ngengeti jembaripun cakrawala budaya ingkang prasasat tanpa pagut, kula namung saged ngaturaken bab-bab budaya lan kabudayan kanthi sak gaduk-gaduking manah jumbuh kaliyan kawontenan ingkang sarwa winates, ngiras pantes nepangaken budaya Jawi ing jagading internet. Ing wasana, panyaruwe ingkang awujud kritik utawi punapa kemawon, ingkang asipat ambangun sanget kawula serantos kanthi sagunging atur panuwun

Jumat, 09 Januari 2009

KAWRUH SAK MRICA


Miturut Ki Narto Sabdo saktemene budaya iku angen-angen kang mbabar kaendahan, dadi apa wae kang dadi angen-ngene manungsa, waton bisa nglairake kaendahan kang migunani tumraping urip bebrayan bisa kasebut budaya. Ewadene bab angen-ngene manungsa kang mung nglairake bab-bab ingkang mitunani wong/pehak liyo munggahe marang bebrayan akeh, mesti wae ora pantes sinebut budaya.
Wiwit lair, urip nganti tumekaing pati manungsa ora bisa dipisahake saka budaya, wiwit manungsa dadi obyek budaya (nalika ngalami alam panggulawenthahan ing sakjeroning kulawarga lan tumapak ing jagading pamulangan) nganti ngancik titi-mangsa manungsa bisa netepi lan nindak-ake darmane minangka subyek budaya.
Budaya iku maneka-warna, jumbuh karo maneka-warnaning bangsa ing alam donya iki, awit sak yektine budaya iku nuduhake jati-dirine bangsa iku dewe.
Budaya iku nyakup pirang-pirang pangerten miturut sipate, ing antarane :

  1. Lair (Kongkrit) utawa kasat mripat yaiku : Unggah-ungguh (etika), Tingkah-laku (sopan-santun), Muna-muni (berkomunikasi), Sesrawungan (bergaul) lan sakpinunggalane.

  2. Batin (abstrak) yaiku : Bab-bab kang ora kasat mripat nanging banget nemtokake yaiku: Pola-pikir, kapribaden, moralitas, lan sakpinunggalane.


  3. Lan uga bab-bab liyane kang durung bisa kawedarake dina iki


Santai bareng di Sondokoro


Sabtu tanggal 13 Desember 2008 keluarga besar punggawa Kelurahan Kedunglumbu bersantai-ria di Wanawisata Taman Sondokoro Tasikmadu Karanganyar dalam rangka refreshing akhir tahun sekaligus Perpisahan dengan Bp Sugijarto, SE dan Ibu Sri Purwaningsih yang terhitung sejak 1 Desember 2008 memasuki masa purna-tugas sebagai Pamong di Kelurahan Kedunglumbu

Praktek blogging3

Sinar jingga membelai langit diawal senja
surya temaram cahyamu muram
namun ada mimpi indah kau janjikan
saat kau terlena diujung malam

Kamis, 08 Januari 2009

Praktek blogging2


Tokoh kita ini memang sudah tidak asing lagi bagi penggemar wayang-kulit. Namanya bermacam-macam kadang disebut Kala Marica, Gendirpenjalin, dlsb tetapi sebutan yang paling akrab baginya untuk semua lakon adalah Buta Cakil, raksasa ceking yang berperan sebagai penghalang perjalanan para ksatriya dalam menjalankan suatu misi yang diembannya. dalam setiap lakon atau akhir adegannya Cakil salalu menjadi pihak yang dikalahkan. Ibaratnya sudah mati berkali-kali tetapi tidak juga mau bertobat, karena dalam setiap peran yang dijalani dia pasti selalu kebagian sebagai yang selalu mati.

Praktek blogging1



Raden Werkudara alias Bima alias Bimasena alias Bratasena ing Kasatriyan Jadipati putro Prabu Pandu Dewanata kang nomer loro, lahir saka ibu Dewi Kunthi Talibrata