Sabtu, 07 Februari 2009

Greneng-greneng


Ing Padhepokane Ki Hantogo kang mapan ana pradesan sapojok’ing Negara Alengka, Ki Hantogo lagi thenguk-thenguk, sajak wis kesel manthuk-manthuk, katitik saka guwayane kang sajak suntrut kepara rada merengut, Mbilung si bocah bingung isih kaya padatan mung kluyang-kluyung sedela-sedela ngukuri irung.
Sak surute Prabu Dasamuka, Negara Alengka kaasta dening Prabu Gunawan Wibisana, ing bebrayan kawula Alengka kedadean owah-owahan gedhen ing babagan pakartine para kawula Alengka, sing sakawit para kawula mung tansah matur “Nggih sendika dhawuh” ing jaman iki malik grembyang dadi kawula kang sarwa sulaya, becik wae diwada apa-maneh ala, genah dikuya-kuya, lan maneh kawula Negara Alengka iku mayoritas para buta lan raseksa kang suarane sora, jangkahe amba lan celathune padha ngayawara. Yen Nalika jaman Prabu Dasamuka, ana kawula siji wae kang pepe ana sak tengahing alun-alun, mesthi enggal-enggal kasaruwe dening ingkang kawogan, banjur tinanganan lan tinanggapan kanthi sak mesthine miturut garis kawicaksanan kang ginarisake dening sang Prabu Dasamuka, Lha saiki kok malah dadi kaya mengkene aja maneh kawula siji, kawula saiki yen pepe nganti sakbregada gembrudug bengak-bengok ngumbar suwara nanging kang kawogan kok sajak glopa-glape anggone ananggapi….,. Nanging aku wis tanggap kok, Lung ! “Tanggap bagaimana kang.?” Lire mengkene, sajake bendaramu Tumenggung Cakil ora kober ngajari buta-buta kuwi unggah-ungguh lan tata-cara kepriye carane sesambungan atur karo satriya, apamaneh satriya iku wektu iki nembe ngasta panguwasa “Lha bagaimana sempat,? Wong setelah kakang ajarin berkomunikasi dengan ksatriya, Mr. Cakil-nya tewas ditangan ksatriya. (Dulu itu lho kang, saat Mr. Cakil menghadang Raden Laksmana ditengah hutan, masih ingat kan.?) Makanya kang, kalau ngajarin etika sama buta itu ya jangan cuma kalau mau maju berlaga. Adakan seminar atau apapun namanya tentang tata-cara berkomunikasi dengan ksatriya, Rajanya saja berjiwa ksatriya rakyatnya berjiwa buto bagaimana mau nyambung kalau gak ada pakar yang ngajarin pola komunikasi semacam itu, bwat ngindarin miskomunikasi, ini bukan cuma masalah komunikasi verbal lho kang, ini komunikasi jiwa dan rasa lho, he…he…he,.!” Lambemu, Lung yen gelem nggambleh nganti ngoweh.!
Prabu Gunawan Wibisana pancen Nata Agung binathara kang ambeg paramartha, sajake rumesep banget anggone ngangsu kawruh nyinau Kitab Hasta Brata anggitane Sang Prabu Rama Wijaya. Polahe para kawula yaksa, denawa lan para buta kang kaya mengkono mau kaanggep sawijining bab kang lumrah mungguh ing tatanan anyar kang lumaku ing jaman iki. Yen dek jaman Prabu Dasamuka, ana kawula kang makarti kaya mengkono mau, woo….o, aja takon dosa, kelakon mulih tanpa jeneng.
Ngrasakne irunge wis rada perih amarga kekerepen dikukur, si Mbilung celathu “Lha kita ini kan cuma rakyat kecil, kang. Kita mesti berbuat apa,? Kita tidak termasuk ras buta seperti mereka, budaya keluarga kita tidak sepeti mereka, aku nggak bisa berjoget jingkrak-jingkrak kayak mereka, apalagi tereak-tereak, tahunya kita ini ya kerja, kerja dan kerja. Ya sudahlah kang, kita ini menyesuaikan diri saja lah kang.!” Ya yen perkara kuwi aku wis ngerti lan maklum Lung, Sing tak gagas kuwi dudu Pranatane utawa Nalendrane, nanging pakartine buta-buta kuwi lho,! sing saiki wis padha bali dadi buta alasan sing mbiyen demen ngosak-asik alas nalika isih urip neng tengah alas saiki bareng dadi buta praja malah ngobrak-abrik budayane dhewe. Buta-buta Alengka kang sekawit nduweni rasa tiji-tibeh saiki malah padha cengkah sak karepe dhewe, golek warege dhewe, mburu butuhe dhewe-dhewe, lali marang rasa kamanunggalaning bangsa, ora gelem nggagas rasa kabangsane, apa-maneh nggatekne reribet-reribet kang bisa ngancam kalestaren bangsane saksurute Raden Kumbakarna, sajake buta-buta kuwi luwih seneng unjuk rasa, nanging yen kelakuane kaya mengkono iku miturut aku wis dudu unjuk rasa maneh iku “unjuk murka” utawa “unjuk nepsu” kamangka sing jenenge “rasa” iku ora amung rasa nepsu ana rasa rasa liyane kang luwih pantes kaunjuk’ake umpamane rasa isin, rasa prihatin lan liya-liyane jaman saiki iki sing penting ora mung unjuk rasa nanging unjuk karsa ndandani praja lan bangsa, unjuk karya mitulungi lan nylametake kawula cilik saka papa-cintraka, lha yen mengkono bangsa buta Alengka rak bisa katon kuncara, ora kaya saiki iki buta bisa tegel nggaglag rowange dhewe, malah wis kedadeyan lho Lung, ana punggawa buta kang kolu mbrakoti kantore dhewe,! Lha kahanan kang kaya mengkene iki apa dadi pratandha bakal kasengka’ake kiamate bangsa buta Alengka saksurute Prabu Dasamuka?.
Mbilung unjal ambegan karo nyeceg rokok’e “Ya semoga saja Prabu Gunawan Wibisana dengan caranya sendiri dapat membangun kembali puing-puing budaya kemasyarakatan di Alengkapura” Tak amin-i dongamu Lung, waton KKN disingkirake dhisik saka kamus budaya bebrayanan ing Alengkapura. “Mana saya mampu, kan saya cuma Mbilung” Cangkemmu Lung…!
“Eh Kang Togog !, boleh gak Mbilung Tanya ?”
“Takon-o, ora apa-apa, ojo maneh takon, kowe ngidoni aku wae aku ora nesu kok Lung.!”
“Ya gak gitu kang, aku tau kakang ini mahluk Tuhan yang paling baik bagi Mbilung,”
“Lha kowe ya nggemeske kok Lung, arep takon wae kok ndadak nganggo takon, apa kowe arep takon perkara pitakonan ? (Lha rak malah aku ketularan gemblungmu to.)”
“Begini kang, kenapa kita kok nggambleh disini, ini kan bukan tempat kita,!”
Ki Hantogo unjal ambegan…”Hmmm, kepepet kok Lung,!”
“Kepepet bagaimana, Kang?”
“Ana ing alam padhalangan awake dhewe ora duwe waktu lan papan kang cukup mirunggan kanggo greneng-greneng kaya Semar sak anake kang duwe wektu lan papan kang mirunggan kanggo geguyonan lan jejogedan jenenge “Goro-goro” Limbuk karo Cangik uga duwe, jenenge “Limbukan” (Nganti Semar lan Limbuk dadi luwih kondang kaloka tinimbang awake dhewe, sajak-e awake dewe iki punakawan kang ora mbejaji dumeh ngawula marang para buta bekasakan) Neng kana awake dhewe ora duwe apa-apa? aku ora meri Lung, wong jagading padhalangan kebak pranatan kang gumathok kang aku dhewe ora mangerteni, nanging minangka oknum saka alam padhalangan mligine jagad pewayangan, aku tetep berusaha dadi Togog sing sak mesthine lan semono uga kowe Lung, sanadyan ana ing kene, kowe ya aja banjur kebablasen,! eling Lung iki ana papaning liyan. kang awake dhewe uga ora ngerti iki ana ngendi,? kok ona kelir kang jembar banget, sorote padhang sanadyan tanpa balincong?”
Mbilung ngguyu kekel karo ngeplak’i bathuk’e dhewe : “Kang, kita ini sedang greneng-greneng di alam maya utawa Internet, diperhatikan oleh orang-orang yang kebetulan nyasar ketempat ini tapi orangnya gak kelihatan.”
“Dubilah selikur dina…! Dadi awake dhewe iki greneng-greneng ana ing alam,…..apa mau Lung,? …..Kernet?”.
“Bukan kernet kang, I n t e r n e t, !!”
“ O, Internet, to ! (aku kelingan kernet truck jenenge Mbilung, ning dudu kowe)
“Emang gue pikirin..?!”
“Eh…, Lung kowe mau crita yen ana priyayi kang mirsani, nanging ora katon, apa priyayi mau bangsane jin utawa sing wis dadi arwah gentayangan to, Lung?”
“Ya enggak laah,…! Masa’ la iya dong,! Mereka memperhatikan kita dari alam nyata, bukan itu saja mereka bisa berinteraksi dengan kita disini dan tampil seperti kita disini saat ini.”
“Wahh blaiik tenan iki Lung, lha yen nganti ana priyayi saka alam padhalangan pirsa awake dhewe greneng-greneng ana kene, bisa kewirangan, awake dhewe ‘ki”
“Ya gak tau lah, kang ! aku cuma setia nemenin kakang seperti ikrar kita”
“Ya wis Lung, yen pancen kaya mengkono, iki aku Ki Hantogo matur dumateng para-para ingkang kersa nyimak greneng-greneng kula puniki, Mbok bilih anggen kawula greneng-greneng punika woten bab-bab ingkang kirang utawi sanget mboten mranani penggalih, kawula namung saged matur, Nyuwun sagunging samudra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Surakarta, 07 Februari 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar