Kamis, 15 Januari 2009

Greneng-greneng


Ono ing sak jeroning alam demokratis kaya kang kalampahan ing wektu iku, babagan pamedaring panguneg-uneg ingkang awujud panemu bisa katindakake kanthi mirunggan tanpa ono angger-angger kang amatesi kepara malah kajamin dening Angger-angger kang asipat dasar. Bab ingkang kaya mengkono mau pancen bisa andadekake berkah ingkang gedhe tumrap bebrayan agung nanging yen nganti kelangan kawaspadan ing babagan kamanunggalaning bangsa, bisa-bisa malah nuwuhake dredah, awit sadhengah prakara iku tuwuhe ya mung saka panemu. Ki, Hantogo wis daweg kepara wareg anggone momong para bendarane yaiku para buta-buta sak jagad wiwit ingkang agelar Ditya Kala Prabu nganti buta-buta breduwak kang banget keranjingan marang kebebasaning diri pribadi kang seneng njoged ajingkrak-jingkrak, gumuyu lakak-lakak, omong (nuwun sewu) waton njeplak lan kaugung dening gustine kanthi ilining tuwak. Mula sanadyan nganti kaya mengkene wewujudane, Ki Hantogo datan kendat anggone mituturi para bendarane yaiku para buta-buta supaya ndandani pratingkahe kang pating jalemprah kaya mengkono iku murih dadi bangsa buta kang mbudaya yaiku bangsa buta kang bisa mbabarake kaendahan kang migunani tumrap urip bebrayan agung sak jembaring jaman kang sarwa tinarbuka ing jagad iki.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar