Sabtu, 24 Januari 2009

Nuwun Sewu

Ki Hantogo meniko pamonging para yakso utawi buta saking tanah sabrang utawi mancanagari, minangka pamonging para yakso pancen mbetahaken kesabaran lan toleransi ingkang langkung mirunggan. Awit tingkah-lakunipun para yakso menika pancen kados ingkang sampun kaandaraken dening Ki Hantogo piyambak, Wonten ing jagad pawayangan sampun kasebataken bilih Ki Hantogo meniko sayektosipun inggih dewa kanthi awewisik Bathara Hantogo sami kaliyan Ki Bodronoyo ingkang awewisik Bathara Ismoyo ingkang ugi tasih kaprenah sadherek kembaripun Bathara Manikmoyo utawi Bathara Guru. Dewa tetiga menika putranipun Sang Hyang Wenang, Nalika Sang Hyang Wenang Nitahaken Kahyangan Jonggringsaloko, Bathara Ismoyo dan Bathara Hantogo sami-sami ngersakaken dados panguwaos tunggal ing kahyangan ngantos nuwuhaken pradondi ing antawis kekalihipun sami-sami mboten wonten ingkang purun ngawon, pungkasanipun kalampahan perang tanding ngaden kasekten. Kekalihipun sami mupakat nindakaken patembaya, sinten ingkang saged ndahar gunung lan saged amuntahaken malih inggih menika ingkang kaakeni minangka panguwaos tunggal kahyangan. Kacarita Bathara Hantogo lan Bathara Ismoyo ingkang nembe kadereng nepsunipun nindakaken kados-dene ingkang kamupakati, Sekawit kekalihipun sami sami saged ndahar gunung ngantos telas tanpa sesa nanging ing salajengipun inggih namung Bathara Hantogo ingkang saged amuntahaken gunung saking padharanipun, kedadosan ingkang kados mekaten menika anjalari ewahing wujud kekalih dewa menika ingkang sakawit wujudipun bagus merak-ati dados wewujudan kados ingkang kaweca ing gambar Ki Bodronoyo lan Ki Hantogo menika, Dene dampar panguwaos tunggal ing kahyangan dening Sang Hyang Wenang kaparingaken dumateng Bathara Manikmoyo ingkang awit mulanipun sampun ngrumaosi kekiranganipun ing babagan kasekten katandhing kekalih sedherek kembaripun nanging tasih asli wujudipun kadidene nalika tinitahaken dening Sang Hyang Wenang. Bathara Ismoyo lan Bathara Hantogo lajeng mandhap ing Arcapada nindakaken darmaning agesang minangka pamong kanthi ambeto Visi lan Misi nipun sowang-sowang tanpa kedah dados panguwaos nanging namung minongko punakawan -inggih menika abdi ingkang ugi minangka penasehat bendaranipun- ing jagad kang sesabrangan menawi bendaranipun Ki Ismoyo menika para satriya utama, bendaranipun Ki Hantogo meniko para yakso lan ugi para satriya candhala. Sanadyan kekalihipun jumeneng ing jagad ingkang sesabrangan ananging kekalihipun sami-sami amundhi sabdo tunggal anenggih HAMEMAYU HAYUNING BAWANA

2 komentar: